Trending

Naskah Khutbah Jumat Maulid Nabi Bahasa Jawa Singkat Menyentuh Hati, Menambah Syukur dan Keimanan kepada Rasulullah SAW

Sejarahing manungso, kolo semanten. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentremaning gesang, masyarakat ingkang bodo lan terbelakang.

Bongso Arab kolo semanten, bongso ingkang adatipun remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi, ngabotohaken, sak pinunggalanipun.

Pengajakipun Kanjeng Nabi malah dipun adepi kanti sikap permusuhan dening masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

ألاَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْراً وَنِفَاقاً وَأجْدَرُ اَلَّايَعْلَمُوْا حُدُوْدَ ما اَنْزَلَ اللهُ عَلى رَسُوْلِه وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ

“Pancen wong-wong Arab iku banget kufure lan nifaqe lan memper menowo ora pada mangerti marang hukum-hukum kang diturunake Allah marang utusane, lan Allah iku Dzat Kang Maha Ngudaneni lan Maha Wicaksana.” (QS At Taubah: 97)

Wusanonipun Allah maringaken pitedah dateng bongso Arab kanti perombakan total, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang-wenangan dados keadilan.

Saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian.

Saking memengsahan dados kerukunan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajuan.

Saking kesesatan dados keleresan, lestantun dumugi mongso sak lajengipun hingga titiwanci puniko. Puniko sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kados dawuhipun ing surah Ali Imran:

لَقَدْ مَنَّ اللهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلاً مِنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ أيَاتِه وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبلُ لَفِى ضَلاَلٍ مُبِيْن

“Yekti temenan Allah Ta’ala wus paring kanugrahan marang para wong-wong Mukmin, nalika Allah Ta’ala ngutus sawijine Rasul songko golongane deweke (tegese ora sangka golongane malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang Rasul mahu macakake ayat-ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh songko doso-dooa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al-Qur’an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mahu sak durunge yekti ono sak jerone sasar kang nyoto.” (QS Ali Imran 164).

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button