Trending

Teks Khutbah Jumat 5 Mei Bahasa Jawa Bikin Makmum Terharu Berlinang Air Mata

Ojo Kapegot Saking Rahmate Gusti Allah Predikat takwa punika, ugi sampun kita ikhtiarake nalika ing Wulan Ramadhan, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan sanese, lan kedah kita jaga ana ing sakbibare Wulan Ramadhan. Jamaah shalat Jumat rahimakumullah Wonten salah setunggal hadits, ingkang pas kita trapaken sakbibare Wulan Ramadhan, hubunganipun kalian wasiat supaya jaga takwa ugi srawung marang sapadha kanthi tumindhak (akhlak) kang becik

عَنْ أَبِيْ ذَرٍّ جُنْدُبِ بنِ جُنَادَةَ وَأَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ مُعَاذِ بِنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا عَنْ رَسُولِ اللهِ صلى الله عليه وسلم قَالَ: اتَّقِ اللهَ حَيْثُمَا كُنْتَ، وَأَتْبِعِ السَّيِّئَةَ الحَسَنَةَ تَمْحُهَا، وَخَالِقِ النَّاسَ بِخُلُقٍ حَسَنٍ. رَوَاهُ التِّرْمِذِيّ

Related Articles

Artosipun, “Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu’adz bin Jabal radhiyallahu anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun ngendhika: Takwao marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti (kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah kanthi tumindak (akhlak) kang becik.” (HR At-Tirmidzi)

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah Keterangan saking hadits punika, ingkang kapisan Kanjeng Nabi paring dhawuh supaya kita tansah jaga takwa dhumateng Allah ta’ala ana ing ndi panggenan. Sahe ana ing panggonan rame utawa sepi. ana ing kutha utawa desa. Menawi saget dipuntambahi ugi ana ing kahanan apa wae. Nalika seneng utawa susah. Nalika sugih utawa mlarat. Lan nalika Ramadhan utawa wulan sanese. Kaping kalih, Kanjeng Nabi paring dhawuh, menawi kita bacut tumindhak luput, supaya barengi kaluputane kanthi tumindhak kang becik.

BACA JUGA :Tempati Lahan Terminal, Pedagang Pasar Anyer Kabupaten Serang Direlokasi

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button