Trending

Naskah Khutbah Jumat Rabiul Awal Bahasa Jawa Singkat: Ngatahaken Maos Sholawat ing Wulan Maulid

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Artosipun : Hei wongkang podo iman, takwoho siro kabeh marang Gusti Allah kelawan sejatine takwo, lan ojo podo mati kejobo siro kabeh podo dadi wong Islam. (Ali Imron:102)

Sholawat serto salam keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados pengarep poro Nabi, lan saking panjenenganipun kito sedoyo saget semerap ajaran agomo Islam, akhlak karimah, ugi sami ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiamat. Gusti Allah dawuh:

إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ ۚ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا

Artosipun: Saktemene Gusti Allah lan malaikate podo moco sholawat dumateng Kanjeng Nabi. Hei wong kang podo iman, mocoho sholawat lan salam dumateng Kanjeng Nabi. (Al-Ahzab 56)

Ayat meniko paring pemahaman bilih Gusti Allah nambah keberkahan lan poro malaikat sami ndedungo kesaenan marang Kanjeng Nabi.

Lajeng kito dipun perintah supados sering maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi supados kaluberan berkah ugi pikantuk kesaenan.

Jamaah Jumat Rahimakumullah,

Sakmangke kito mlebet wulan kelahirane Kanjeng Nabi utawi maulid Nabi. Setunggale wekdal ingkang mulyo, amergi Nabi ingkang dados pemungkase poro Nabi dipun lahiraken supados madangi jagat meniko.

Punopo kito dipun perintah maos sholawat? wonten surat Ahzab wonten inggil dipun sebataken bilih Gusti Allah soho poro Malaikat tansah maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi.

Lan merintahaken tiyang mukmin supados maos sholawat salam kagem Kanjeng Nabi kranten sedoyo niku bentuk sikap ngagungaken Kanjeng Nabi. Imam Qurtubi wonten tafsir Qurtubi nyebataken:

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button