Trending

Naskah Khutbah Jumat Rabiul Awal Bahasa Jawa Singkat: Ngatahaken Maos Sholawat ing Wulan Maulid

وَالصَّلَاةُ مِنَ اللَّهِ رَحْمَتُهُ وَرِضْوَانُهُ، وَمِنَ الْمَلَائِكَةِ الدُّعَاءُ وَالِاسْتِغْفَارُ، وَمِنَ الْأُمَّةِ الدُّعَاءُ وَالتَّعْظِيمُ لِأَمْرِهِ

​​​​​​​Artosipun: Sholawat saking Gusti Allah maknane rahmat lan ridlo, sholawat saking malaikat maknane dungo lan istighfar, sholawat saking menungso maknane dungo dan ngagungaken Kanjeng Nabi Muhammad.

Imam Qurtubi dawuhaken bilih maksud sholawat saking Gusti Allah niku rohmat lan ridone Gusti Allah dumawah maring Kanjeng Nabi.

Lajeng sholawat saking poro malaikat niku tegese waosan istighfar kagem Kanjeng Nabi menawi nggadah luput supados sedoyo keluputane dipun ngapuro.

Lajeng ​​​​​​​maksud waosan sholawat salam saking tiyang mukmin meniko maksudipun dungo, ngakoni, ngormati, ngagungaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad ingkang dados utusane Gusti Allah.

Dungo ing bab niki minongko dados tawasul. Lajeng ngakoni lan ngormati Kanjeng Nabi niku sejatine kalebet tondo raos trisno, tawasul soho nderek dumateng Nabi Muhammad.

Kedah kito pahami maos sholawat dumateng Kanjeng Nabi nggadah kautaman ingkang katah. Kanjeng Nabi dawuh:

مَنْ صَلَّى عَلَىَّ صَلاَةً وَاحِدَةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ عَشْرَ صَلَوَاتٍ وَحُطَّتْ عَنْهُ عَشْرُ خَطِيئَاتٍ وَرُفِعَتْ لَهُ عَشْرُ دَرَجَاتٍ

​​​​​​​Artosipun: Sopo wonge maos sholawat marang ingsun sepisan, mongko Gusti Allah mbales sholawate kaping sepuluh, ngapuro sepuluh dusone lan ngangkat derajate sepuluh derajat. (HR An Nasa’i)

Hadirin Ingkang Sami Minulyo,

Imam Syarwani nukil dawuh saking Imam Rasyidi wonten kitab Tuhfatul Muhtaj: Saben-saben Nabi iku podo gawe tawasul kelawan Kanjeng Nabi Muhammad nalikane dungo marang Gusti Allah.

​​​​​​​Dawuh meniko negesaken bilih sedoyo poro Nabi nalikane dungo sami maos sholawat amergi saget dados perantara nalikane dungo marang Gusti Allah.

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button