Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Allah Ta’ala paring pangandikan,

  يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.”(QS.Ali Imran: 102)

Ugi kita usahani ningkataken ketaatan nglampahi perintah-perintahipun Allah subhanahu wata’ala kanthi rahosipun manah ingkang ikhlas. Pakulinan sholat berjamaah lan makmuraken masjid kanthi pangibadatan wonten ing dalem Ramadhan mangga kita lajengaken, kita dadosaken pakulinan ingkang sahe.

Sebab kita menika sanes tiyang Islam musiman ananging muslim sak lawase lan saklamine. Mugi-mugi Allah subhanahu wata’ala tansah paring kekiatan lan keistiqomahan lahir batin dhumateng kita sedaya. Amin.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Refleksi Wulan Syawal

Kita sami sakmenika sampun mlebet wonten ing wulan syawal, saksampune sewulan muput nglaksanakaken siyam wonten ing wulan Ramadhan. Mugi Allah subhanahu wata’ala tansah kersa nampi sedaya amal saleh kita, Amin.

Wonten ing hadits qudsi dipun sebataken Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring sabda Allah subhanahu wata’ala dawuh,

إِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا إِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ،

Nalikane umat Nabi nglaksanakke pasa romadhan nuli banjur metu kanggo sholat riyoyo, mangka Allah subhanahu wata’ala paring dawuh,”

يَا مَلاَئِكَتِى، كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ أَجْرَهُ أَنِّي قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ، فَيُنَادِي مُنَادٍ،

Duh malaikat-Ku, kabeh wong sing rampung kerjo nduweni hak nampa upah. Lan kawula-kawula-Ku kang wus rampungan pasa Ramadhan lan metu seka omah kanggo ngibadah sholat Ied sakperlu nggolek ganjaran, mangka seksenono setuhune Ingsun temen wus paring pangapura marang kawula-kawula-Ku mau. Nuli ana suwara kang undang-undang:”

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button