Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Imam Ibnu Rajab al-Hambali ngemutaken babagan sejatose kahanan tiyang Islam wonten ing wulan Syawal,

لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ لَبِــــسَ الْجَدِيْــــدَ إِنَّمَا الْعِيْدُ لِمَنْ طَاعَاتُهُ تَزِيْــــــدُ. لَيْسَ الْعِيْدُ لِمَنْ تَجَـمَّلَ بِاللِّبَاسِ وَالرُّكُوْبِ إِنَّمَـا الْعِـيْدُ لِمَنْ غَفِرَتْ لَــــــهُ الذُّنُوْبُ

Hakekate riyoyo dudu nganggo ageman sarwo anyar ananging riyoyo hakekate wong kang tambah taate. Lan hakekate riyoyo dudu kang nganyari ageman lan kendaraan ananging riyoyo hakekate wong kang dipangapura dosane.

Wonten ing panggenan sanes Ibnu Rajab ugi ngemutaken,

Sak ala-alane menungsa yaiku kang ora iling marang pangerane kanthi temenan kajaba ana ing wulan Ramadhan. Ananging sejatine wong kang saleh yaiku wong kang tansah ibadah dhumateng Allah setahun muput.”

Ibadah dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala menika mboten namung wonten ing setunggal musim utawi wulan kemawon, ananging taat menika istiqomah sepanjang masa rikala taksih diparingi gesang ngantos pejah.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتّٰى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ

“Lan sira nyembaha marang Pangeranira, sehingga katekan pati (ajal).”(Q.S Al-Hijr:99)

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan kemalih wonten ing al-Quran supados kita tansah eling dhumateng Allah kapan mawon wekdale kan panggonane,

وَاذْكُرْ رَّبَّكَ فِيْ نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَّخِيْفَةً وَّدُوْنَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْاٰصَالِ وَلَا تَكُنْ مِّنَ الْغٰفِلِيْنَ

“Lan sira kabeh padha nyebuta asmane Pangeran sesembahanira ana ing telenging atinira kalawan dhedhepe, lan kanthi rasa dhedhepe, lan kanthi rasa wedi sarta sarana suwara kan ngarih-arih lirih-lirih ana ing wayah bangun umun-umun lan sore. Lan sira aja padha kalebu golongane wong-wong kang padha lali.” (QS. Al-A’raf: 205)

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button