Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

يَا أُمَّةَ مُحَمَّدٍ، اِرْجِعُوْا إِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ،

Duh umate kanjeng Nabi Muhammad, balio marang omah sira kabeh. Temen wus den ganti kealanan sira kabeh kelawan kebecikan.”

فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِي صُمْتُمْ لِي وَأَفْطَرْتُمْ لِي فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ.

Maka Allah Ta’ala paring dawuh: Hei kawula Ingsun, sira pasa lan buka kerana Ingsun. Mangka padangadeka sira kabeh kanthi nggawa maghfirah saka Ingsun.

Enjing dinten menika kita sampun ikhlas ninggal wulan Ramadhan, wulan ingkang mulyo, wulan kebecikan, wulan kebak berkah, wulan tobat, lan wulan ketaatan ugi amal shalih sampun nilar kita sedaya.

Sak sampune kita sedaya pisah kalian wulan tobat, manga kita sami istiqomah netepi tobat. Sak sampune kita ninggal wulan taat manga kita sami istiqomah netepi taat.

Sak sampune kita ninggal wulan al-Quran, mangga kita sami istiqomah ibadah netepi maos al-Quran. Sak sampune kita ninggal wulan teraweh, mangga kita sami istiqomah netepi sholat-sholat sunnah.

Lan sak sampune kita ninggal wulan siyam, mangga kita sami istiqomah ibadah netepi siyam-siyam sunnah.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Rikala Ramadhan kita saget nglaksanakaken rena-rena ibadah kang didhawuhake kanthi manah lan raga ingkang entheng jalaran Ramadhan menika wekdal kondusif kerana setan-setan sami dipun rante lan ganjaran amal shalih dipun tikelaken.

Ananging kahanan dumadakan malih nalika Ramadhan sampun lewat lan kita sami mlebet wulan Syawal. Kathah tiyang kang sampun kendor utawi suda amal taate jalaran pinten-pinten perkawis.

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button