Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Ugi sebab menika ndadosaken tiyang Islam jarang kang purun evaluasi diri sak bibaripun nglampahi amal taat punapa saya ndadosaken pribadi tambah sae punapa saya awon.

Intinipun menawi grafik tiyang Islam menika tambah ningkat saya dinten saya wekdal, menika indikasi ditampinipun amalan sae kaliyan Allah subhanahu wata’ala.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping tiga: Njaga lurusipun niat

Menawi setunggal tiyang Islam ana ing wulan Ramadhan menika rajin utawa istiqomah ajeg tindak masjid saperlu sholat limang wekdal ananging sak sampune Ramadhan lewat piyambake ninggalaken kebiasaan sae menika wau, mila menika kedah dipun evaluasi, punapa wonten niat kang salah anggone ibadah?

Jalaran niat menika hanggadhahi pengaruh ageng dos pundi lampahe niat, saget ajeg punapa mboten. Niat kang salah pados ridha sak liyane Allah kagolong sebab ditolakipun amal menika. Menawa tiyang ibadah wonten masjid ing wulan Ramadhan mboten karana Allah, mesti niate menika kangge sak liyane Allah.

Babagan niat lan pentinge Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam sampun paring pepeling tebih-tebih wekdal,

إِنَّمَا اْلأَعْمَالُ بِالنِّيَّاتِ، وَإِنَّمَا لِكُلِّ امْرِئٍ مَا نَوَى

Kabeh amalan iku gumantung ing ndalem niat, lan saben-saben uwong diganjar saka hasil niate.”(HR. Al-Bukhari)

Ngengingi pentinge njaga niat Imam Sufyan Ats-Tsauri ugi ngendikakaken,

مَا عَالَجْتُ شَيْئًا أَشَدَّ مُعَالَجَةٍ مِنْ نِيَّتِي

Aku ora tau ndandani perkara kang luwih abot tinimbang niatku.” (Tazkiratus Sami’ wal Mutakallim, Ibnu Jamaah, 67)

Sahabat Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu riwayataken hadits kang isine perkara ageng babagan kelentune niat menika sebab cilakane tiyang mbesok wonten akhirat. Tiyang kang mati syahid wonten medan jihad, wong kang nduweni ilmu lan wong kang sugih. Kabeh menika dipun seret mlebet neraka kranten salahe niat.

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button