Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Mujahid anggone jihad nduweni niat supaya disebut pahlawan, wong kang ahli ilmu nduweni niat supaya diarani tiyang pinter, lan tiyang sugeh nduweni niat supaya diarani wong kang loma.

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping sekawan: Kumpul kaliyan tiyang kang Istiqamah ing dalem taat

Salah setunggal ikhtiyar mbudidaya taat supados ajeg nggih menika tansah nyarengi utawi srawung sareng tiyang-tiyang kang istiqomah ing dalem taat. Soale tiyang kalawau tansah ningali kahanan sekitare kang isine tiyang taat pramila dheweke bakal katut remen nindakke ketaatan.

Kosokbalene menawa lingkungan sekitare menika kathah tiyang kang lalai piyambake nggih bakal katut dados tiyang lalai.

Imam Nawawi wonten kitab al-Adzkar nyebutaken 5 perkawis kang dados obate ati sing lara utawi lalai, salah setunggale nggih menika srawung utawi kumpul kaliyan tiyang-tiyang saleh.

Ibrahim bin Khawas natos ngendikan,

دَوَاءُ الْقَلْبِ خَمْسَةُ أَشْيَاءَ: قِرَاءَةُ الْقُرْآنِ بِالتَّدَبُّرِ، وَخَلاَءُ الْبَطْنِ، وَقِيَامُ اللَّيْلِ، وَالتَّضَرُّعُ عِنْدَ السَّحَرِ، وَمُجَالَسَة ُالصَّالِحِيْنَ

Obaten ati kang lara iku ana lima cacahemaos Quran sak maknane, weteng ingkang luwe (pasa sunnah), qiyamullailzikir ana ing wektu sahur lan srawung tiyang saleh.”

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping Gangsal: Kathah eling kematian

Ngathah-ngathahi eling babagan pati menika setunggaling sunnah sing dilalekke tiyang Islam. Kamangka perkawis ngathahi dzikrul maut menika wonten pengaruh ageng dhateng stabilitas istiqomah ibadah tiyang Islam.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam piyambak sampun ndawuhaken,

أَكْثِرُوا ذِكْرَ هَاذِمِ اللَّذَّاتِ يَعْنِي الْمَوْتَ

Akehana eling marang perkara kang bisa ngrusak kabeh keapikan yaiku pati.” (HR. At-Tirmizi No. 2307)

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button