Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

Antawise setan-setan wangsul malih saget leluasa nglaksanaake tugas utama yaiku ngalangi tiyang Islam saking margine Allah subhanahu wata’ala sakbanjur setan tansah gampil nggiring menungsa supados mapan samangkeh sareng dheweke wonten ing neraka.

Allah subhanahu wata’ala paring pangandikan wonten ing al-Quran,

اِنَّ الشَّيْطٰنَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوْهُ عَدُوًّاۗ اِنَّمَا يَدْعُوْا حِزْبَهٗ لِيَكُوْنُوْا مِنْ اَصْحٰبِ السَّعِيْرِۗ

Sanyata setan iku dadi mungsuhira kabeh, jalaran saka iku setan iku uga anggepen mungsuhira. Sanyata dheweke ajak-ajak marang wadyabalane supaya dadi golongane rombongan Neraka Sa’ir.”(QS. Fathir:6)

Pramila mangga supados kita sami saget pikantuk spirit agung saking ibadah Ramadhan, nggih menika amalan kita saget tansah ningkat, utaminipun istiqomah ibadah, kita gatosaken pinten-pinten perkawis ingkang badhe khatib wedaraken wonten ing ngandhap sak menika,

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Sepisan: Mbangun Jiwa kang sadar

Mboten dipungkiri bilih mayoritas tiyang Islam nalika sampun medal saking wulan Ramadhan lan mlebet wonten ing wulan Syawal ibadahipun sami mudun lan wonten kemunduran. Menika saget dipersani saking sudonipun jamaah sholat wonten ing masjid-masjid.

Nalika wulan Ramadhan kathah masjid ingkang shaf-shaf sholatipun kebak ngantos luber-luber, ananging ironi wonten wulan Syawal. Menika saking ibadah kang hukume wajib, punapa malih ingkang ibadah sunnah, temen kathah sing dilirwakke.

Kahanan tiyang wonten nginggil sampun dipun sindir wonten al-Quran, Allah subhanahu wata’ala dhawuh,

وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا مِنْۢ بَعْدِ قُوَّةٍ اَنْكَاثًاۗ

Lan aja nira kaanane kaya wong wadon kang ngudhari sambungan antihan sawuse dikencengake.” (QS. An-Nahl: 92)

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button