Trending

Contoh Teks Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa dan Download PDF 2023: Istiqomah Ibadah Sanadyan Ramadhan Wis Pisah

اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ وللهِ اَلْحَمْدُ

Jamaah sholat Idul Fitri rahimakumullah,

Kaping Kalih: Amal kang kontinyu cirine amal kang ditampi

Salah shallallahu ‘alaihi wasallamijine tanda amal menika ditampi Allah subhanahu wata’ala saking hambane nggih punika amal kalawau ditindakake kanthi ajeg utawi istiqomah. Menika kayadene ingkang dipun jelasaken wonten ing al-Quran,

فَاَمَّا مَنْ اَعْطٰى وَاتَّقٰىۙ. وَصَدَّقَ بِالْحُسْنٰىۙ. فَسَنُيَسِّرُهٗ لِلْيُسْرٰىۗ

Dene sing sapa gelem weweh ing dalan (agama)ning Allah, lan taqwa, lan ngandel marang ananing ganjaran kang luwih becik, yaikut suwarga, temen dheweke bakal Sun sadhiyakake dalan kang gampang.”(QS. Al-Lail: 5-7)

Imam Ibnu Katsir ngandakake ayat menika kanthi mendhet pendapat setunggaling alim salaf, ing antawise balesan saka amal shalih yaiku bisa nglakoni amal shalih malih sakbare, lan ing antawise balesan saking amal dosa yaiku bisa nglakoni amal dosa malih sakbare.

Ibnu Rajab al-Hambali negasaken malih, bilih tiyang kang nindakake kesaenan saklajeng didereki amal kang awon sakbare menika dados tanda bilih amalan menika dipun tolak lan mboten ditampi Allah subhanahu wata’ala.

Kanthi menika bilih menawi tiyang nindakke ibadah shiyam sunnah sakbare dheweke nglakoni ibadah wajib shiyam Ramadhan, mila menika setunggal ciri bilih amal sae menika dipun tampi Allah subhanahu wata’ala.

Perkawis menika kathah tiyang Islam kang dereng paham, sahingga akibatipun kathah tiyang Islam kang mboten nggadhahi wigatos tumrap kahanan pribadinipun dospundi amalan kang wus dilampahi.

Baca artikel Bantenraya.co.id lainnya di Google News
 
Laman sebelumnya 1 2 3 4 5 6 7 8 9Laman berikutnya

Related Articles

Back to top button